Jumat, 14 Januari 2011

Gerong

KINANTHI 1

Nalikani roing dalu,
Wong agung mengsah semedi,
Sirep kang bolo wanara,
Sadaya wus sami guling,
Nadyan ari sudarsana
Wus dangu nggenira guling.

Kukusing dupa kumelun,
Ngeningken tyas sang apekik
Kawengku sagung jajahan,
Nanging sanget hangikibi,
Sang resi kaneka putra,
Kang anjlog saking wiyati.

Kagyat risang kapirangu,
Rinangkul kinempit kempit,
Dhuh sang retnaning bawono,
Ya ki tukang walang ati,
Ya ki tukang ngenesing tyas,
Ya ki tukang kudu gering.

Teka dadak melu melu,
Kaya budine wong ceplik,
Lali yen kalokaningrat,
Ing bawono amurwani,
Mustikaning jagad raya,
Dhemen lalen sangga runggi.

Sun iki ngembani wuwus,
Dewa sang hyang hotipati,
Bathara sukma kawekas,
Sira ingkang den paringi,
Ingkang mausandiloto,
Panguripe wong sabumi.

KINANTHI 2

Punapa ta mirahingsun,
Prihatin waspa gung tumijil
Tuhu dahat tanpa karya,
Sengkang rinemekan Gusti
Gelung rinusak sekarnya,
Sumawur gambir melati.

Tuwin kombang geng kung,
Miyarsa swaranta yayi,
Kadi merange si kidang,
Anonging liringireki,
Mangkana susahing kidang,
Malah tyas sira lir kanin.

Upama tyas mangunkung,
Mulating sira dyah ari,
Sayekti melu mangarang,
Telase riris gumanti,
Ingkang taranggono salah kapti
Remek dening salah kapti.

Kabot kabotan lung gadhung,
Wekasan mungkret amuntir,
Mulat nggonira saduwa,
Malah malah cengkir gading,
Kang tiba mrih dherangkalan,
Umpetan mring jurang trebis.

Marmane mangrurah gelung,
Lintange merang ningali,
Mring langening kiswanira,
Miwah kidang kidang isin,
Miyarsa ing swaranira,
Si kidang umpetan tebih.

Senin, 10 Januari 2011

Gerong




 SLENDANG BIRU (Sl.9)

Kedhep tesmak aku nyawang slendhang biru
Gelungane methok lamatan tasikane
Ngagem kebayak wungu nyamping bathik
Solahe eseme slagane gawe bingung
Nyat kagunane gedhe paedahe
Amung kuciwane lho lho
Anyelaki janji slendhang biru

Slendhang biru among ngenaki ati
Ora tekan batin setyamu
Slendhang biru
Tetepana janjimu slendhang biru

NYIDHAM SARI (Lgm Pl.6)

Upama sliramusekar melathi,
Aku kumbang nyidham sari,
Upama sliramu margi wong manis,
Pun kakang bakal ngliwati,

Sineksen lintange luku semana,
Janji prasetyaning ati,
Tansah kumathiling netra rinasa,
Karasa rasaning driya.

Midera sajagad raya,
Kalingana wukir lan samodra,
Ora ilang memanise,
adhuh dadi ati selawase,

nalikani roing wengi atiku,
lam lamen sira wong ayu,
nganti mati ora bakal lali,
lha kae lintange mlaku.


KEMBANG CEPOKO (L Pl.6)
Eee mendhunge wus tumiyung,
Jebulane katon liwung tur tepung,
Ora wurung kodanan ing dedalan,
Ebo ebo yen nganti sulaya,
Agawe gela nimas nganggep cidra,
Senadyan nyabrang banjir tekatku tan bakal owah gingsir,
Methik kenbang cepaka.


PUJIKU (Lg. Sl. 9)
Pujiku muga langgenga pujiku tansah lestariya,
Gawe srana majune kabudayan nyatane,
Awit iku dadi dalan sarawungan,
Nadyan adoh papane kaya sandingan,
Dhuh wong jatmika tansah ngleledha,
Kembang biru mungwing pager telenging ati,
Sekar pisang wus patut kalamun manut,
Dhuh pujiku tansah sumandhing.

KUDANGAN (Lg Sl.9)

Kinudang kudang tansah bias leledha,
Narbuka rasa tentrem hangayomi,
Tata susila dadi tepa tuladha iku,
Sababe dhik iku sarawungan kudu,
Dadi srana murih guna kaya luwih,
Ngleluri luhuring kabudayan,
Tinulat sagunging bangsa manca,
Rahayu ngrebda angembang ngrembaka

.

MAS SOPIR (Sl.9)

Kakang mbakyu jo lali welingku
yen kowe lumaku ra perlu kesusu
Pamrihe supaya slamet tekan nggone
mas sopir mbok ya mikir,..

Montor balik jungkir akeh korban kedrawasan
dhuh lae mesakke sing nandhang anak rabine
Mas sopir ja sembrana,...

Aja padha lena elinga thotohing nyawa
Prayoga manuta lalu lintas praturane
Pujine kliwarga ali mulih slamet raharja.

GANDRUNG (Pl.6)

Wong yen lagi gandrung ra peduli mbledose gunung
Wong yen lagi naksir ra peduli yen perang nuklir
Nadyan lagi bokek direwangi nretek-nretek
Jarene wis jodo apa-apa kudu wong loro

Wong yen lagi kepikat ra peduli ndonya kiamat
Wong yen lagi nyenengi ra eduli lagi inflasi

Nadyan raduwe duwit direwangi kredat-kredit
Jarene wong loro apa-apa duweke wong loro


Irung mbangir duweke sopo dik,
    Irung mbangir iya duwekmu
Lambe tipis weke sopo dik,
    lambe tipis iyo duwekmu
Gulu iki weke sapa dik,
    gulu iki iya duwekmu
Bangkeane weke sopo dik,
    bangkeane iyo duwekmu

Iki piye-iki piye dik weke sapa dik
    mesti wae ono sing duwe
Iki piye, iki piye tambah lumleng dik
    mestine ono sing duwe
Iki piye, iki piye dik mumet
    mestine ono sing duwe

JAGO KLURUK (Sl.9)

Wis wayah esuk jagone kluruk,
Rame swarane pating kemrusuk,
Adhuh senenge sedulur tani,
Bebarngan padha nandur pari,
Srengenge nyunar ngolon parane,
Manuke ngoceh ana wit-witan,
Pating cemuwit seneng atine,
Katon asri donya sak isine.
Nyidham Sari  (Bw)
Dhuh wong ayu pepujaning ati,
Kaya ngene wong nandhan asmara,
Apata awakku dhewe,
Dhuh dewa Jawata gung,
Welasa mring awak mami, besuk kapan ketekan,
Jejer lan wong atyu,
Umpakmana nahkoda,
Tanpa prau sasadara den pewpetri,
Nyidham sari asmara.
               
LARA BRANTA (Lgm Pl.6)

Yen kelingan mring sliramu kaya rinujit atiku
Yen siang tansah katon malela dalu datan bisa nendra
Apa sliramu wis lali tenan, dek semana nate janji
Nedya arep urip bebarengan, bungah susah dilakoni
Nanging aku ora ngira, yen sliramu bakal cidra
Bareng saiki wis mulya banjur krama ora nganggo kanda-kanda
Sapa kang bisa paring usada, nggoku nandang lara branta.

KANGEN (Pl.6)

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rina wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

Jenang gula ya mas ya mbak aja lali
ngelingana nalika jaman semono
Sliramu janji aku ngenteni
Lahir batin tresnaku terusing ati

Reff    Kangen
    Wang kangen ngene rasane
    Rindu rindu wong bagus kowe tak tunggu
    Kangen
    Wong kangen apa tambane
    Rindu-rindu tambane kudu ketemu
Klapa muda enake kanggo rujakan
Leganana aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus ndak anti-anti
Ngusadani wong kangen engggal entuk jampi


BW. PAMITAN(PL.6)
Lilanana pamit mulih,
Kawula nilarke ndika
Pineshti dede jodone,
Nadyan abot jroning rasa,
Nanging badhe menapa,
Sumedhot sajroning kalbu,
Kawula among saderma.

PAMITAN (Lgm Pl. 6)
Lilanono pamit mulih
Pesti kula yen dede jodhone
Muga enggal antuk sulih
Wong sing bisa ngladeni slirane

    Nanging abot jroning ati
    Ninggal wong ndika wong sing dak tresnani
    Nanging badhe kados pundi
    Yen kawula saderma nglampahi

Mung semene atur puji karia raharja
Sak pungkure aja lali asring kirim warta

    Eman-eman mbejang ndika
    Yen ta nganti digawe kuciwa
    Batin kula mboten lila
    Yen ta nganti mung di siya-Siya

Notasi Gending

Manyar Sewu [Lcr. Sl.m]


BK              . 1. 6   . 1. 6   . 5 . ③g

A      .5.3    .5p.3   .5p.3   .6p. ⑤w

        .6.5    .6p.5   .6p.5   .3p. ②w

        .3.2    .3p.2   .3p.2   .1p. ⑥w

        .1.6    .1p.6   .1p.6   .5p. ③g

 

B      5253    5253    5253    636g

          6365    6365    6365    313g

          3132    3132    3132    151g

          1516    1516    1516    525g



C           6532     3523     6532     3523
              6532     3523     6653     5635


              1653     5635     1653     5635
              1653     5635     3321     2312


               5321     2312     5321     2312
               5321     2312     1165     6156


               2165     6156     2165     6156
               2165     6156     5532     3523G


Kandang Bubrah [Lcr. Pl.6]

BK              5253    6521    3216 G

A        . . 3 .    123 .    6521   3216    2x   
           5253    5253    6521   3216    2x

Irama cepet
B        . 2. 3    . 2. 3    . 2. 1    . 2. 6   2x   
           . 5. 3    . 5. 3    . 2. 1    . 2. 6   2x


Ricik-ricik [Lcr. Sl.m]

BK    . . . 6    . 356    . 532    . 356 G
A    . 3 . 5    . 6 . 5    . 6 . 5    . 1 . 6       x2
       . 3 . 2    . 3 . 2    . 3 . 2    . 1 . 6       x2

 Minggah Ldr. MLIWIS Sl.M

A.    . 5 3 2      . 5 3 2      . 3 5 6      2 1 6 5 n
        . 1 .  6      . 5 . 3 P    . 5 .  6      .  3 .  5 n
        . 1 .  6      . 5 . 3 P    . 5 .  6      .  3 .  5 n
        . 3 6 5     . 3 6 5 P    . 6 1 2      1 6 5 6  G  x2

B.     . 6 1 2      . 6 1 2       . 2 1 6      5 6 1 2 n
        . 3  . 2      . 1  . 6 P    . 5  . 6      .  1 .  2 n
        . 3  . 2      . 1  . 6 P    . 5  . 6      .  1 .  2 n
        . 6 1 2      . 6 1 2 P    . 2 1 6      5 6 1 6  G x2

Lcr.  BENDRONG   [Sl. M]
Bk:                                . 5. 2    . 5. 2    . 5. 3G Ž

A.                  . 5. 3        . 5. 2    . 5. 2    . 5. 3G Ž

Pindah  B:                                  . 5. 3    . 5. 6G ‘

B.                  . 6. 6        . 6. 6    . 6. 6    . 6. 6G ‘

Pindah  C:                                  . 6. 6    . 5. 3G Ž

C.                  . 5. 3        . 5. 2    . 5. 2    . 5. 3 ŽG
                      . 5. 3        . 5. 2    . 5. 2    . 5. 3ŽG
                      . 5. 3        . 5. 2    . 5. 2    . 5. ‘6G
                      . 1. 6        . 1. 5    . 1. 5    . 1. ‘6G
                      . 2. 3        . 2. 1    . 6. 5    . 2. Ž3G

Mgh  Ldr. PUCUNG RUBUH Sm

A.                  . 235       . 235     2356     5323
                      . . . 6       . . . 5    . . .  3      . . . 2
                      . . . 5       . . . 3    . 6 . 5     . 3. 2
                      . 35 .      2356      1265    365Ž3G  x2

B.                  . 126       . 126     1265      3653
                      . . . 6       . . . 5     . . . 2      . . . 1
                      . . . 3       . . . 2    . 6 . 5      . 3. 2
                      . 35 .       2356   12 6 5    365Ž3G  x2

Lcr. Kuwi Apa Kuwi (Sl.M)
Bk :                               . 3. 2        . 3. 2    . 7. 6G‘
                      . 2. 3       . 2. 3        . 2. 3    . 6. Œ1G
                      . 3. 2       . 3. 2        . 3. 2    . 1. ‘ 6G  


Ldr.  BABAR  LAYAR   [P.6]

BK :          6  6546       4561    2321    6563GŽ

A.                  6563       6563    6563    6532
                      6526       5265    2523    565Ž3G

B.                  6563       6563    6563    6532
                      6526       5265    2523    5654G

C.                 .4 . 4       .4 . 1     . 1. 1    . 1. 5
                     .1 . 5       .1 . 5     4. 46    4561ŒG

D.                  6546       4561    6546    4561
                      6546       4561    2321    6563G