Tampilkan postingan dengan label KInanthi. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label KInanthi. Tampilkan semua postingan

Jumat, 14 Januari 2011

Gerong

KINANTHI 1

Nalikani roing dalu,
Wong agung mengsah semedi,
Sirep kang bolo wanara,
Sadaya wus sami guling,
Nadyan ari sudarsana
Wus dangu nggenira guling.

Kukusing dupa kumelun,
Ngeningken tyas sang apekik
Kawengku sagung jajahan,
Nanging sanget hangikibi,
Sang resi kaneka putra,
Kang anjlog saking wiyati.

Kagyat risang kapirangu,
Rinangkul kinempit kempit,
Dhuh sang retnaning bawono,
Ya ki tukang walang ati,
Ya ki tukang ngenesing tyas,
Ya ki tukang kudu gering.

Teka dadak melu melu,
Kaya budine wong ceplik,
Lali yen kalokaningrat,
Ing bawono amurwani,
Mustikaning jagad raya,
Dhemen lalen sangga runggi.

Sun iki ngembani wuwus,
Dewa sang hyang hotipati,
Bathara sukma kawekas,
Sira ingkang den paringi,
Ingkang mausandiloto,
Panguripe wong sabumi.

KINANTHI 2

Punapa ta mirahingsun,
Prihatin waspa gung tumijil
Tuhu dahat tanpa karya,
Sengkang rinemekan Gusti
Gelung rinusak sekarnya,
Sumawur gambir melati.

Tuwin kombang geng kung,
Miyarsa swaranta yayi,
Kadi merange si kidang,
Anonging liringireki,
Mangkana susahing kidang,
Malah tyas sira lir kanin.

Upama tyas mangunkung,
Mulating sira dyah ari,
Sayekti melu mangarang,
Telase riris gumanti,
Ingkang taranggono salah kapti
Remek dening salah kapti.

Kabot kabotan lung gadhung,
Wekasan mungkret amuntir,
Mulat nggonira saduwa,
Malah malah cengkir gading,
Kang tiba mrih dherangkalan,
Umpetan mring jurang trebis.

Marmane mangrurah gelung,
Lintange merang ningali,
Mring langening kiswanira,
Miwah kidang kidang isin,
Miyarsa ing swaranira,
Si kidang umpetan tebih.